Postingan

Gamelan

Gambar
GAMELAN   Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pengiring tembang. Tumprepe wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane manungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi Utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika ngrasake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu Utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.   Ricikane utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: Bonang penerus, Bonang barung, kempul lan gong, kenong , slenthem, gender penerus, gender barung, demung, saron penerus, saron barung (1), saron barung (2), Gambang, kethuk LAN kempyang , rebab, serta kendhang. A. Maca lan nanggepi teks eksposisi ngenani gamelan       Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelaske kedadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kathi cetha. Tuladhane kaya ngisor iki. Gamela

Pranatacara

PRANATACARA    MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana ucapaca pasamuan, temanten , lan sapa nunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane. pranata cara, yaiku paraga kang nduweni jejebahan lan nglantarake titilaksana ing acara A. Maca lan Nanggepi Teks pranatacara Gatekno pethilan teks pranatacara Assalamualaikum Wr.Wb         Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.       Para pengembang pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. ...........      Caos uninga katur dumateng para lenggah, bilih titilaksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putri nipun bapa joko susena ingkang kadahupaken kalian Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun bapak Agus Dahlan i

GEGURITAN

GEGURITAN A. Pengertian Geguritan.          Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kangora kaiket deneng pangeran tinamtu. Cacahe larek, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, kang surasane kabeh merdeka utawa bebas. B. Nemokake Parangane Geguritan.      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki . a. Moco kanthi premati, yen perlu di bolan-beleni. b. Nggateake hubungane larik siji lan sijine .banjur menehi tanda ngaso (/) utawa sigeng (//). c.  Golekana tegese tembung kang angel utawa aneh, bisa tegese lugu, entar utawa tembang. d. Golekana pesan utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan ditemokake karepe. C. Tuntunan Kang Dikandhut Ing Teks Geguritan.           Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes utawa malah nggambarake rasa serik kang kepa

Pendhidhikan Moral

Pendhidhikan Moral   Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi iku saka tembung kanthi  oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-.  Dadi, Kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, Utawa diarahke. A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi Kinanthi Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, mbengkas kahardaning driya, supaya dadya utami. Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembung Kinanthi kiwa Iki kawiwitan sama tembung marma tekan tembung Utami.    Guru gatra saben tembang Kinanti ana 6 gatra utawa larik Guru lagune tembung Kinanthi yaiku: u, i,a i

Pitutur Luhur ing crito wayang

Pitutur Luhur ing Crito Wayang Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antik ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang ik gegambaran watak lan jiwaning manungsa. A. Maca lan nanggepi teks wayang                 Gatekno perthilan teks wayang ngisor Iki!     Dewi Kunthi    Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur,yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, kan Arya Ugrasena.        Shinta kadhusta   Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.    Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigr