Pendhidhikan Moral

Pendhidhikan Moral

  Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi, Kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, Utawa diarahke.

A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

Kinanthi
Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supaya dadya utami.
  • Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembung Kinanthi kiwa Iki kawiwitan sama tembung marma tekan tembung Utami. 
  •  Guru gatra saben tembang Kinanti ana 6 gatra utawa larik
  • Guru lagune tembung Kinanthi yaiku: u, i,a i, a lan i.
  • Guru wilangan tembang Kinanthi iku:  8, 8, 8, 8, 8 lan 8
  • Supaya gampang dieling eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i .
B. Mbedhah parangane Serat Wedhatama pupuh Kinanthi
   Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Kinanthi iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Gatra gatra sajrone pupuh Kinanthi kabeh ana aturane. Aturan iku gegayutan karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 
C. Ngarang cakepan tembang Kinanthi
   Ngarang tembang Kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang Kinanthi, wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara,baliswara, dasa nama,tembung saroja,kan sapunggale.

(Sumber gegaran nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA hal 1-2)

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Gamelan

Pranatacara